Ojo Dumeh (Jateng)

ojo duMeh iso mbeLeh sapi utowo wedus qurban, tanpa noLeh wong aKeh dianggap reMeh, weLeh weLeh weLeh…

Artis (Band): Nonik Aprilia / Wasimin PS, Sangga Buana

Pancene wis nyoto
wong urip ning ngalam ndunyo
murih tentren lan lan raharjo

Becik nduweni kaweruh
ugo sedyo lan makaryo
jujur tansah wedi cidro

Banjur yen tinoko
werdina telung prakoro:
winasis, arto lan wiryo

Ngungkurke tumindak nisto
sami-sami den prediyo
nengenke laku utomo

~{}~

Ora angel
linakon waton ra ngewel
Penting tegen
nyambut gawe sugih regen

Yen mung nyawang
sarwo-sarwi katong gampang
Ora damang
tansah luput yen tumandang

Isih maneh
urip pisan ojo dumeh
Tanpo noleh
wong liyo dianggep remeh

Nadyan kuwoso
mbondo jo ngendak wong liyo
Bakal gelo
wineleh Sang Maha Kuasa

5 Tanggapan

  1. Banjur yen tinoko
    werdina telung prakoro:
    winasis, arto lan wiryo
    …………………………………..
    .. OJO DUMEH.. ndeleng sapodho..

    wiss.. wiss.. yg penting qta hrs ingat juga Pesan org Tua dulu :

    “Ukuran Boboting Gesang , tan saking Wiryo , Bondo/Arto lan Wasis/rupo ananging saking kados pundi Janmo kanthi gagah prakoso mandegani sedoyo Pepalang lampah lan Rubedo “.

    “Ukuran keberhasilan/kwalitas dalam hidup ini , bukan dari Tahta , Harta dan Penampilan tetapi dari Bagaimana manusia itu mampu dan tegar mengatasi setiap kesulitan yang dia hadapi”

  2. Masyuookkk tenan lagune…..ayo bossss…tetep maju indonesia!!

    Ethnic Musics

  3. Gimana cara downloadnya

  4. tlg bantu donk kawan yg punya alamat situs resmi Sangga Buana atau alamat emailnya.

  5. Kenapa aku demen banget aring lagu lan gendinge sangga buana..apa maning suara sindene sing resik2.uga ayu2.cocoke pool.dongaku muga2a sangga buana tambah jaya..sing maca kie ngucapna amin ya..aamin.

Tinggalkan Balasan ke Madyo Laras Batalkan balasan